Pidato Bahasa Jawa Tema Perpisahan Sekolah
Ilham Fauzi Media
Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah - Dalam perpisahan terkadang beberapa siswa maupun guru ditunjuk sebagai perwakilan untuk berpidato. Maka dari itu saya akan menuliskan pidato bahasa jawa yang berhubungan dengan perpisahan sekolah.Yuk langsung saja kita baca di bawah ini.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan,
tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik
kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten
ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita
sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal
kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking
siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak
Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu
kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged
memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales
saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan,
kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik
sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula
sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka
lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru
lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan
rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur
kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani
penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Oke, Pidato Bahasa Jawa Tema Perpisahan Sekolah tadi semoga bermanfaat untuk kalian semua.
Jangan sungkan untuk berkomentar atau kritk saran yang membangun .Sampai jumpa lagi pada postingan berikutnya.

Komentar
Posting Komentar